Jika ditanya visi bisnis, wah......aku gak mudheng.
Aku pernah ngobrol dgn seorang bankir bernama Bu Detty lewat e-mail:
"Pancen urip iku mung sawijining pilihan.
Pilihanku yo ngene iki. Urip prasojo nang ndeso.
Ora stres mergo ora kakehan intrik lan sepaneng.
Mbok manowo masalah materi aku ora bisa kaya kanca-kanca.
Nanging kabeh mau gumantung saka sikape dhewe ta?
Rejeki sithik ya isa pyir-pyir karo wong liya manawa awake dhewe pancen nduweni sifat saleh sosial. Rejeki sahohah ya isih kurang manawa ati nggrangsang.
Ujiane urip uku jawabe mung loro, syukur karo sabar. Nugrahaning Gusti ora ana artine tumrap dhiri kita manawa ora disyukuri kanti samesthine. Sawalike, sanadyan pacoban ora ana enteke manawa sabar bakal ngangkat drajade ing ngarsane Gusti. Ibarat inten utawa barlean saya suwe diasah saka pirang-pirang sudhut bakal katon sumorot sangsaya endah lan sumorot.
Dene rejeki kang sabenere iku dudhu apa kang bisa kita regem, nanging apa kang bisa kita aturaken dumateng Gusti lantaran titahe ing ndonya iki. Mula sajroning bisnis aku nduweni parameter kang rada beda karo umume. Aku ngukur gedhe cilike bisnis saka akeh sithike wong kang bisa oleh manfaat, pirang keluarga kang ngantungake pangupa jiwa lantaran awake dhewe. Dene omset utawa materi iku mung mujudake konsekwensi logis kang wis samesthine. Prinsip liyane yaiku aja wedhi wong liya bathi, lha wong rejeki ing sisihing Gusti iku tanpa winates. "
Begitulah aku hidup di tengah-tengah para petani marginal. Berupaya membantu mereka mengakses pintu-pintu rizqi Alloh yang sebagian kuncinya dipegang oleh para birokrat. Atau membantu mereka menemukan rizqi mereka yang terselip di pundi-pundi kaum hartawan yang shaleh dengan membangun bisnis yang melibatkan para petani miskin yang amanah. Klo digambarkan profilku pasti gak jauh beda dengan saat di Kalibening, beginilah kira-kira.......

Tidak ada komentar:
Posting Komentar